Salah Kedaden (bag-2)

23 September 2007 pukul 22:37 | Ditulis dalam Sharing | 1 Komentar

Iki sing jenenge “kutuk marani sunduk”, sida klebu wuwu. Saka krenahe mBah Tih Sengkuni, apus krama bakal disowanake lan ditemokake, sebab paman Janaka isih sedulure Kurawa. Nanging kanthi janji supaya gelem dadi patah penganten dhaupku mengko. Jujur lan bares kures, kenya loro iki malah yen bisa malah dadi darbekku pisan, nyatane ya ora kalah karo dhiajeng Sri Sendari. Nanging sajake cantrik tuwa kuwi cubriya, nggengkeng yen arep nyowanake dhewe. Aku kok dipancahi. Sedulur Kurawa murina. Sulayaningn rembung dadi pancakara. Sepira banggane cantrik tuwa ngiyeyet. Prasasat ora nganti sepenginang wis ngemasi. Pergiwa Pergiwati keweden keplayu, dibujuk dening para Kurawa. Jelih-jelih njaluk tulung. Aku wis nyicil bungah, sepira kekuwataning wanita, sedhela maneh bakal dadi gawan. Nanging surak bungahing Kurawa malih dadi klakep, malih dadi jerit klaran. Pating bilulung ditladhung saka akasa dening si Purubaya Gathutkaca. Bosah-baseh katrajang kridhaning Abimayu sakadang putra Pandhawa. Kurawa lepeksa kethetheran ngunduri payudan. Pergiwa lan Pergiwati sida dadi “patah penganten” kanggo ngiring pahagyan agung Dwaraka. Abimanyu kang kesinungan kabegjan bisa mboyong Sri Sendari. Atiku tansaya nabet sering kepati marang Angkawijaya. Aku kudu bisa males ukum mbesuk. Pancen mbokmenawa Siti Sendari pancen dudu jodhoku.

Nanging wewayange Pergiwa lan Pergiwati ora bisa ilang saka impen lan telengin ati. Beda banget karo para putri Ngastina, sing sasuwene iki tansah gilir gumanti dadi rerengganing tilam sariku. Putri kembar iki ngluwihi samubarange. Nuruti brantane ati aku sesidheman ninggalake praja, tumuju mring Ngamarta. Gancaring kandha aku bisa mlebu ing taman sari tanpa kadenangan, ndilalah ing kono si Pergiwa kok lagi ijenan ngincupi kupu kang ngisep maduning kembang petamanan. Swasaning uga sepi kaya ngerti krenteging ati. Pergiwa kudu bisa tak dustha menyang Ngastina, dene yen bangga bakal tak rudhapeksa. Wis kadung kenthip, nalika lena dak tubruk lan dak dekep supaya ora bisa njerit. Dak arih-arih supaya nurut dak boyong nang praja, nanging tansah bangga. Saka polahe kasemekane mlorot. Mungal payudarane sesisih kang nyengkir gadhing, petak resik nanthang birahi. Umod sakal getihku tan kuwawa ndeleng endahing raga, nedya nutasake paripeksa. Saka daya kang kesesa aku lena. Tanganku dicokot wani, kelaran uwal saka kancingan. Njerit sora nedha tulung. Tan ngerti sangkaning bilahi, anggaku mencelat digawe pangewan-ewan dening Gathutkaca. Dirante dadi bandan mlebu pakunjaran, ngenteni pengadilan. Saka swara slenthingan nalika aku eling saka kantaka ing pakunjaran, yen Endang Pergiwa wis dilamar lan bakal dadi sisihane Gathutkaca, bakal ngrenggani dhampar Prameswari ing Pringgondani. Kojur apes dhedes, remuk rempu rasane awakku. Perih keju laraning atiku. Kagol sedyaning ndriya nggarwa Endang Pergiwa.

Saka panangising ibuku Banowati marang uwa Puntadewa ing Ngamarta lanmarang para Pandhawa, panyuwun pangapura mligine marang paman Arjuna. Lilih penggalihe aku diluwari lan kapurih bali mring Ngastina. tan kocapa dukane rama prabu marang aku, nanging uga lilih lan leren nalika mireng tangise ibuku sing ditresnani. Atiku saya njarem marang para putra Pandhawa, apa maneh aku uga krungu yen Pergiwati bakal dadi garwane Pancawala, putrane uwa Puntadewa. Aku suthik kedhisikan maneh. Sadurunge Pergiwati dadi garwane Pancawala pangeran pati Ngamarta, kudu dak dustha, yen perlu ora entuk siji ora entuk kabeh. Pancawala nyadhing Pergiwati kudu ora “suci” maneh. Atiku muntab kebranang, kebak rasa pangigit-igit. Ora watara suwe, aku wis nular kasatriyan kanthi sesidheman. Ra urus yen saoungkurku padha komung kontrang-kantring, lungaku tumuju mring alas gung Krendhawahana, ya kahyangan Setra Gandamayit. Paleremane Dewi Durga dewining kadurakan. Miturut ujaring kandha sang bethari iki malihan ruoa saka bethari Uma, garwane Hyang Jagatnata kang kesiku, kena supatane Hyang Jagat Pratingkah. Ngrenggani pura Krendhawahana jejuluk ratu Permoni. Marikelu semadi manengku puja supaya bisa entuk kasihing Hyang Durga. Kaleksanan sedyaku Sang Bethari kersa nemoni lan ngabulake sedyaning gati. Bakal kajangkung sedyaku tumeka ing tamansari Ngamarta, bakal bisa ndustha sang dewi, kaleksanan kang sinedya. Mung kanthi piweling, ora kena gawe gendra lan netesake ludira, gedhene nganti ngadani rajapati. Yen wani nerak bakal rugi lan nanggung akibat sengsarane.

Kinanthi aji palimunan saka Hyang Dewi Durga, aku bisa mlebu ing gandhok tilamsarine Pergiwati. Sang ayu nembe nendra kepati, awit wancine pancen lingsir wengi. Anggone kepati nganti jarit agemane nglingkap dhuwur ngatonake pupu lan wentis kang mukang gangsir. Yen mrangguli kahanan kaya ngene iki aku nora tahan. Getih lanang bakal enggal ngrangsang. Apamaneh ndeleng blegere sang edi, weweg isi milangoni. Ora nunggu kesiwen, dak ruket anggane sang Endhang. Kaget polah nanging ora kuwawa ngedalake swara. Kridha- sumedya uwal saka pangrangsangku, agemane dadi saya morat-marit, nambahi brantaku. Bali saka keusu anggonku wuru, lena pangawasku sang dewi nyaut patrem kang gumlethak ing meja caket dhipan rinengga. Nedya beladhiri namakake patrem ing anggaku, dak cekel astane kuwalik ganti nyuduk jajane. Njerit kapidara gumonthang ing kasatriyan, tan suwe wis kinepung jurit sing dipandhegani Raden Pacawala. Bramantya kerot padoning lathi ngerti calon garwane kapidara, nrajang nedya mikut anggaku. Sadurunge kedhisikan aku ndhisiki. Keris pusakaku dan tamakake pas nembus jaja tumeka walikat. Pancawala tiwas kapidara. Geger kasatriyan, sepira banggaku satriya leda-lede. Kapikut dadi bandan bali mlebu pakunjaran. Dumeling pangandikane sang Bethari, aku wis nrajang pepali. Kang mesthi aku bakal nompo paukuman pati.

Kabar aku dadi bandan ing Ngamarta wis tumeka ing Ngastina. bali ing kene rama Kurupati tedhak dhewe kadherekake ibu Banowati, kairing tetungguling sepuh Kurawa lan para sesepuh. Kepeksa tapak asma ing kekancingan perjanjen, yen aku tan kena maneh tindak dur angkara. Laku culika ing praja Batanakawarsa ya Indrapasta. Nganti mbaleni lan kadenangan nora bakal ingapura maneh, paukuman abot bakal daksandhang. Kayangapa isinku nalika kudu napak asmani perjanjian rontal kuwi, sineksen oara aji kalbeu Prabu Swarawati kang wis maluyakake Pergiwati kanthi kembang Wijayakusuma. Semono uga Pancawala kang wis bali waras wiris sawise “kalarung” ing benawi minangka syarate nirmala jati. Aku mung tumungku sedhih atiku nangis kasangsaya. Isin, serik, jengkel numpuk dadi siji. Mung bisa nggetuni laku jantraning uripku. Urip prasasat tanpa guna, mung bisa nyalahake liyan. Lali lan ora nglenggana yen kuwi saka undhuh-undhuhing brahala.Karma saka laku tumindakku. Apa ya kaya mengkono pangadikane para dwija winasis. Prek mbelgedhes. Lesmana Mandrakumara ora percaya. Wis ora perlu golek bojo, enak bojo-bojonan wae. Wis ra urus kiwa tengen. mbuh ibuku arep terus-terusan slingkuh karo Permadi, ramaku tetep bungkem yo wis ben. Adhiku wadon dewi Lesmanawati tetep ndhugal ya wis karepe. Malah ing sawijine lakon carangan, dheweke dislingkuhi dening Bathara Guru Pangwasa Tribana ya terserah. Njur didhaupake karo raden Warsakusuma putrane paman Karna ing Awangga ya ben.

Nalikane pecah perang Baratayuda, perang antarane kulawarga trah Barata ing Tegal Kurusetra. Miturut ujaring kandha kuwi perang gedhe kaloro ing madyapada, sawise bubruh Alengka ing jaman Ramayana. Mbok arep paten pinaten yo wis ben, atiku kadhung serik mrekitik ora bakal mari. Utamane mring putra-putra Pandhawa, mligine si Abimanyu. Mula nalikane uwa Kartamarma bali saka pabaratan nggoleki aku ing kasatriyan, kandha yen Abimanyu wis klebu wuwu ing gelar perang “gedhong minep”e Kurawa, atiku padhang, batinku surak.

“Ngger Saroja Kusuma, pun wancine andika mbengkas karya. Suwe mijet wohing ranti yen badhe mungkasi Abimanyu. Putra Plangkawati niku mpun kentekan daya rinanjap senjatane Kurawa. Andika mung kantun njuss…. nyublesake keris pusaka, nguntapaken nyawane Abimanyu ing neraka. Monggo ngger mumpung taksih wonten wekdalipun, selak kedhisikan Hyang Yamadipati. Andika paman kanthi mring Kurusetra.

Rindhik asu digitik, nyongklang jaran cemani tumuju ing rananggana. Abimanyu katon semu ngadeg semu gemeter, soca nutup menthang langkap. Pancen aku meri marang satriya kukuh teguh iku. Sanajan tatune arang kranjang kinrocok rinajap ing lembing, tumpak lan panah, nanging isih kuwawa ngadeg senajan ora jejeg adus ludira.
Gemendhung lumalungkung ngguyu latah-latah, aku ngisis curiga nyedhaki papan ngadege Abimanyu. Saya gemeter anggane, sikile wis nekuk separo kari ambruke. “Hmmm…, Abimanyu kowe bakal mati rinanjap, mandi kepangan sumpahmu dhewe. Kowe ngapusi Utari putri Wiratha. Ngaku jaka senajan wis mbojo Sendari. Huh… merga pokalmu kuwi Kalabendana nganti kepeksa mati saka tangane Gathutkaca. Nyatane kowe yo satriya sing culika tega apus krama. Nyatane kowe dudu satriya tama. Beda kaya aku Lesmana Mandrakumara, pancen satriya kesuwur ala. Nyatane kowe bakal mati saka tanganku. Aja kuwatir Sendari lan Utari sakpungkurmu, bakal ngrenggani dhampar Ngastinapura ndampingi aku minangka prameswari. Ra entuk prawane yo randhane. Durung yen Gathutkaca lan Pancawala modar sisan,Pergiwa lan Pergiwati bakal tak boyong sisan. Saiki Abimanyu, tampanana pusakaku. Modar ko…egh…kekgkk…
Lho, dhadhaku kok panas perih. Lho bedor panah nancep nembus dhadhaku. Abimanyu isih bisa nglepaske panah pusaka Kyai Gusara marang aku, aku ngglebag, donyaku dadi peteng ndedhet. Saiki malah entheng, eee… aku bisa ndeleng ragaku dilangkahi Abimanyu. Para Kurawa kang nedya ngrebut kawandaku kapeksa mundur saka lepasing jemparinge Abimanyu, ora ana kang wani nyedhak. Abimanyu kaya bali entuk kekuwatan thikel, jemparinge isih mangan kurbaning prajurit lan Kurawa.

Paman Jayadhata adipati Banakeling sisihane bibi Dursilawati saya murina. Ngeprak dwipanggane nrajang papane Abimanyu. Mbabitake pusakane Kyai Glinggang, pecah sirahe Angkawijaya, ragane diidak-idak remuk dening gajah perange paman Jayadhata. Kaangkat jisimku mundur saka payudan, rawat-rawat sekar “Megatruh” ngumandhang saka tegal Kurusetra. Ibu Banowati nangis ngguguk ngrakul layonku kang sinucenan. Rama prabu mung kerot waja karo njenger, nalika geni mulat ing pancaka mbesmi ragaku.

Sawetara kau isih bisa nyekseni ragane Abimanyu kan uga kabesmi ing pancake, tinangisan kaluwarga. Lan laku “sati” Siti Sendari bela pati ambyur ing geni ngalad-alad. Utari mung ngungun cinandhet, amarga nggarbini bayi calon “ratu gung binthara ing Nusa Jawa” kaya kang wis kaweca. Sumpahe paman Arjuna bakal merjaya paman Jayadrata ing dina sesuke. Kumleyang sya ndedel ing ngawiyat sukmaku, tinuntun sukmane Abimanyu lan sukmane para prajurit kurbaning Baratayuda. Saya adoh lan saya dhuwur.
(tancep kayon)

1 Komentar »

RSS feed for comments on this post. TrackBack URI

  1. top.. top… abimanyu memang top..!!!!!!!
    Yeah..!!!!!!!


Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.
Entries dan komentar feeds.

%d blogger menyukai ini: